weLcome 2 my blog

....adduh,,masihh acag kauwutd nui.....
hehehhe....
namma'a uga rru blajjar...

Senin, 22 Februari 2010

Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa u

Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang asmara.

Bathara Guru banjur bali menyang kayangane. Sanghyang Manikmaya mbangun tapa amarga prihatin mikirake Suralaya kang ana ing bebaya amarga dirabasa dening raja raseksa jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Sedyane Nilarudraka kepengin nglamar widadari Suralaya, Dewi Gagarmayang.

Sejatine wus akeh dewa lan pehak liya kang aweh pepeling lan pituduh marang Nilarudraka, ananging dheweke tetep ora gelem murungake sedyane nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke terus ngrabasa, ngrusak lan gawe dredah ing Suralaya nganti pepenginane bisa kasembadan.

Sanghyang Manikmaya banjur mbangun tapa supaya bisa peputra maneh, putra kang nimpuna babagan aweh wewulang. Nalika ngrabasa Suralaya, Prabu Nilarudraka ngepyakake kabeh wadya balane kang numpak gajah.

Kanggo nandhingi, Bathara Guru mrentahake para senapati perang kadewatan supaya mbangun kekuwatan kanthi wadyabala kang uga numpak gajah. Sawise kabeh sumadya, Bathara Guru sedya nitipriksa barisane wadyabala Suralaya kang numpak gajah sing ditindhihi dening Bathara Indra lan Dewi Uma.

Bathara Indra nyaket marang Bathara Guru lan prameswarine kanthi numpak gajah Erawana. Bathara Indra siyaga nampa dhawuh pungkasan saka Sanghyang Manikmaya. Erawana iku gajah kang beda dhewe wujud lan rupane, sarta duwe perbawa kang nggegirisi lan medeni tumrap sapa wae kang mindeng.
Dewi Uma dhewe sawise weruh wujude gajah Erawana dadi keweden lan mlayu lumebu ing Panariwawarna. Nalika iku Dewi Uma nembe ngandhut jabang bayi. Dayane rasa kaweden iku kawujud nalika nglairake jabang bayi. Jabang bayi kang lair saka guwa garbane pranyata bayi kang praupane awujud gajah. Bayi kasebut banjur dijenengi Ganesa.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Ganesa sabanjure digawa menyang glanggang paprangan lan diadhepake marang Prabu Nilarudraka.

Pranyata Ganesa kasil merjaya lan nyirnakake raja Glugutinatar kasebut. Ewadene wadyabalane bisa ditumpes dening barisan prajurit kadewatan numpak gajah kang ditindhihi dening Bathara Indra minangka senapati perang.

Crita mangkono iku diandharake ing Purwacarita kang njupuk saka Serat Smaradahana anggitane Empu Dharmaja. Sajrone uripe, Bathara Ganesa duwe jejibahan aweh wewulang sakehing ngelmu marang umat Tribuwana.

Pawadan iku, Bathara Ganesha pinundhi-pundhi minangka pralambang sumber sakabehing ngelmu. Bathara Ganesa mujudake dewane ngelmu. Sawise kasil numpes Prabu Nilarudraka, negara Glugutinatar diparingake marang Bathara Ghana.

Sawijining dina Bathara Ghana mbangun tapa kang salah siji panjaluke supaya dheweke diruwat murih praupane dadi bagus. Upayane Bathara Ghana kasil sawise dheweke bisa nyirnakake mungsuhe dewa yaiku raja raseksa Gilingaya, Prabu Kala Iramba.

Saka titahe Bathara Guru, Bathara Ghana malih dadi dewa kang bagus praupane lan banjur diparingi asma Bathara Mahadewa. Dheweke antuk kuwajiban njaga panti pustaka kayangan. Lan amarga kapinterane, Bathara Mahadewa sinengkakake minangka dewane ngelmu. Sedulure Bathara Ghana kang lair tunggal ibu yaiku Bathara Cakra lan Bathara Asmara.